Thursday, November 1, 2012

lelembut sundel bolong aka kuntilanak

Ihirrr.. bar asoy geboy kih..
Ketemu lagi dengan babagan jagat lelembut bareng mrjack

Kali ini membahas tentang opo sih kui kuntilanak utowo sundel bolong bersama CENHORNI (Cerita Niat HORror medeNI) bareng aku

Yen menurut ku kuntilanak karo sundel bolong ki yo podo wae, koyo kedadean cerita munculnya demit mau. Piye ceritane? Simak yok..

Karyono, 35 tahun. Bukan nama sebenarnya, daerah tinggal e sebut wae neng bantul yogya, perawakan e ganteng, duwur, necis lan prakosa. Gegandeng memang sasampurna fisik e tur yo pancen pinter, pinter golek bojo ceritane. Koyo pitik jago, pitik e pilih tanding, sangar. Seko bocah enom nganti janda anak 3 kabeh kesengsem karo karyono, disebutlah bunga bukan nama sebenarnya 24 tahun. Wanita berparas ayu lan katresnane kejaga, akeh seng seneng tur nolak alus mergo atine ora sreg. Iki seng gawe karyono pengen banget nyempurnaake uripe, alias nikahi bunga, beda karo wedokan liyane, bunga ora gampang tertarik karo lanangan macam karyono seng nek didelok bagus e ra jamak jamak, soale karyono pancen wes duwe bojo tapi umur e luwih tuo 10 tahun sebut saja suminah, jenenge wong lanang paling yo bosen nek mlebu gua ra ono banyune #ngekeksitik, mbuh piye carane karyono kudu ngrabeni bunga seng isih kinyis kinyis 34b tur bodi gitar spanyol merk yamaha. Nah iki mau karyono mulai seko ngerayu wong e nganti ngerayu bapak simbok e bunga, pucuk ditiba ulam pun tiba, akhir e kedadean karyono diijinke nikahi si bunga. Suatu ketika mbok tuo utowo suminah ki krungu nek bojone kui ngawini si bunga nganti meteng 7 sasi, muntab getih teparo wes kalap ra jamak jamak suminah nggruduk koyo sapi kejiret gulune marani wong tuo ne bunga, rame kui koyo tawuran anak sma neng jakarta. Nah suminah sakit hati banget, atine koyo keiris iris, akhir e piye meneh ketimbang kelangan batang nikmat e karyono akhir e dientuke lah karyono karo bunga. Soyo suwi soyo larani ati ternyata wes jatah jasmani jarang, teko kamare suminah pun juga jarang alias sewulan pisan we ra tau dab! Kalap akhir e suminah neng dukun. Hemat cerita (koyo wong nabung wae hemat) ringkesan e si suminah njaluk ben bayine si bunga ki mau digugurke nganggo cara ghaib, mbuh piye carane akhir mbah dukun ki mau wani ngekei teluh neng bunga. Suatu ketika grobyak suara seko langit ubun ubun krungu seko kuping e karyono karo bunga pas penak penak e turu bar kerja rodi 9 ronde nggo nglancarke peredaran bayi sakdurunge lahir.
“kui opo yo mas”,jare bunga.
“paling o yo mung kucing pengen dek”. Nglenguh ngolet karyono.
Bar kui banjur turu meneh wong loro, sedino sakwise, weteng e bunga kok soyo suwi soyo gede, tapi kok ora normal gedene, ngeluh lara banget koyo ketusuk jarum. Akhir e puncak malam jumat kliwon, si jabang bayi ne bunga ki pindah panggon seko weteng neng geger e. Medeni banget! Bengok bengok banter si bunga, karyono yo mung gagap wedi campur nangis
“kowe kenopo nduk, kok iso koyo ngene”. Ungkap karyono 
Akhir e mbledos, duh biyung ora kuat ceritane serem beudh. Meninggal lah si bunga. Seminggu meninggal e bunga akeh gosip busuk bisik bisik tetangga seng beredar. Tengah wengi, bapak bapak ronda, sebut wae mantos,
“asu, wengi iki jogo dewe, liyane o dolanan keple, eh gaple”. Mantos ngujar neng ati
Lewat kuburan ra kroso opo opo, tiba tiba munculah sesosok perempuan cantik, mirip bunga. Mesem i mantos karo gendong bayi, po ra kodal si mantos ngomong “asu, wes wengi iki ronda dewekan ketemu kuntilanak, nasib ki pancen ra adoh seko pait”. Mlayu banjur cerita neng uwong uwong nek arwah e bunga ki gentayangan. Rame tenan sak desa, sejak saat itu gak ono uwong seng wani metu wengi kecuali bapak bapak seng giatke ronda. Akhir e ono wong anyar jenenge paijo, bocah e slengekan, gaweane mendem lan medok. Ngerti ono wedokan ayu, lungguh cerak uwit malah dadi kesempatan dalam ketegangan njeron sempak. Diceraki
“waduh wengi wengi ono cah ayu, po ora kademen toh nok kowe ki” ucap paijo. Paijo langsung gemreges awake nekoni wadon mau,
“mboten mas, kula lagi goleki anak kula sing lagi dolan tapi rung ketemu”, balas wadon mau
“rasah dipikir, engko nek ngeleh rak yo muleh dewe. Mbok ayo ngancani mas mu iki seneng seneng sedilit” ngomongan e paijo karo nglantur nyanyi lagu rhoma irama mabuk judi.
Diceraki soyo cerak kok paijo ngroso aneh, rekane dedemok awak neng mburi geger kok yo anyep, basan didelok bolong. “ah bajingan mendem ngene malah nelok geger bolong”. Mlayu kebirit birit lah mau si paijo. Akhir e mboh piye ceritane setelah beberapa bulan demit mau ngilang seko peredaran. Gosip gosip setelah suminah loro nemen nganti meh mati.

Piye serem ora? Nek ora serem yo pangapurane..
Cerita selanjutnya tunggu wae,
Kapan kapan dab!

0 komentar:

Post a Comment

Komentar anda adalah hadiah terindah bagi saya