Thursday, November 1, 2012

lelembut tuyul gemparkan dusunku

Balik maneh neng CENHORNI (CErita Niat HORor medeNI) karo aku ..

mumpung maghrib tak ceritane bab masalah tuyul,
neng cerak nggonku wes dadi rahasia ingkang umum nek mbahas setan gundul cilik mringis, ngerti kasongan toh? nah tekon mbah buyut e sampeyan..

tahun pas aku isih SMA nek ra salah, tanggaku pak Budi memang nama sebenarnya kih woro woro kelangan barang berupa duit, jare ne beliau kih ono tuyul seng nyolong duit e deweke. yo do bingung toh, opo bener tuyul opo liyane sejenis menungsa.. iyo ra?
nah wektu kui wong e masang yuyu karo banyu bar kui neng cerake diparingi koco nggo ngilo, jare wong tuwo tuyul ki seneng dolanan yuyu karo koco, maksud hati sekali mendayung 3 pulau terlampaui ternyata gagal gan..
opo tuyul e wes ngerti nek arep dijebak po mergo tuyul e ki wes lulus sekolah dasar tingkat madrasah aliyah opo dudu aku yo ra reti, padakne wartawan trubus!
nah wedi nek kemalingan duit e kui dilebokne njero Al-Quran,
nek menurut ku kui mboten pareng, soale ngopo? kui ayat suci sing kudu di IQRO' yaitu bacalah, jadi nek arep mandi (ampuh)
yo kudu dibaca dudu duit e dilebokne njeron alquran.. salah kaprah duh biyung ampun gusti paringono wedokan ayu!
akhir e duit e mau kecolongan..
nah do bingung, iki tuyul opo wujuding manungsa sejenis tibo si manusia setengah genderuwo..
tapi yo ra disongko songko,
suatu ketika, ono jenenge pak yadi memang nama sebenarnya, kui ronda, keliling jam 11 njumuk jimpitan, pas mlaku samping omah ku ki nyenggol tangan, dikiro ya opo kok nyenggol jebul (ngelap keringet, rodo merinding) tangan cah cilik tapi sikil e ro tangan e panjang, koyo merayap. mirip spiderman
tapi tenanan lho iki
akhir e pak yadi mau mergo kendel, dadi ora wedi malah arep ditangkep, tapi wes bablas..
akhir e diceritake masalah babagan ketemu tuyul mau. syukur alhamdulillah seiki wes pirang tahun kepungkur aman wal afiat..

kui cerita ku seng serem tur rung patek serem.. pengen seng serem? lanjutke kapan kapan dab!

next story : misteri panggonan ku pas KKN , stay cun on CENHORNI bareng aku, mrjack

0 komentar:

Post a Comment

Komentar anda adalah hadiah terindah bagi saya